21 November 2006

Fais 3 months old


Fais, neng umur telong ulan iki wes mulai ketok gampang sumringah..
Gampang ngguyu,, gampang senyum....
Saiki wis tambah seneng lek diadusi, po meneh lek banyu bak'e rodok diakehno, wahhh sikile kesel2 terus..koyok-koyok'o wis pingin ambyur alias renang.
Senengane pengin ngerjain ayah mbek ibuk'e...yen ambek ayahe, kadang lek dijak ngomong, dekne ngoceh gak leren-leren, yen ayahe mandek ngomong, dek'e malah nangis..lahh da lahhh...
Lek ambek ibu'e, sering ngerjain lek wayahe mimik, kadang sok jual mahal, padahal raine "mupeng" :D
fais...fais....lucu temen awakmu nak....
Saiki fais wis imunisasi 4 macem, mbiyen pas umur sak'ulan BCG, HB1 mbek Polio nang Cikajang Garut. Wingi tas HB2 nang bidan pekanbaru.
Fais yo saiki wis soyo pinter lan soyo ngerti, guayane koyok wong gede ae. Yen onok wong mangan, raine iku loh..ngesakno aku..koyok pingin ae. Saiki yen diajari takbir (sholat), utowo sholawatan mboh adzan...wes kudu melok ae..walopun mek errrrrrrrrr, ngggehhhhhhh....:D
fais..fais...lucu temen awakmu nak..:D
Saiki Fais lagi kangen mbek mbahe nang suroboyo,...sabar yo nak..sabar yo mbah...ngenteni duik cuti yohh....:D
Mugo2 mbah'e fais nang garut budhal "ngulon"e lancar...
amin..

No comments: